Sunday, March 23, 2008

Sejarah Kasultanan lan Kekhalifahan, April 2007

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
ruãt‰y #$!ª #$!©%Ïïût äu#BtZãq#( BÏZ3äOó ruãtJÏ=èq#( #$9Á¢»=Îsy»MÏ 9sŠu¡óGtÜø=ÎÿxZ¨gßOó ûÎ’ #${F‘öÚÇ 2ŸJy$ #$™óGt‚÷=n#y #$!©%Ïïúš BÏ` %s6ö=ÎgÎNö ru9s‹ãKu3jÅZu`£ ;mlçNö ŠÏƒ]skåNã #$!©%Ï” #$‘ö?sÓÓ4 ;mlçNö ru9sŠã7t‰dÏ9s]¨kåN BiÏ`. /tè÷‰Ï zyqöùÏgÎNö &rBøZY$ 4 ƒtè÷6ç‰ßrRt_ÍÓ wŸ „ç³ôŽÎ.äqcš 1Î’ ©x‹ø«\$ 4 ruBt` 2Ÿÿxt /tè÷‰y Œsº9Ï7y ùs'ér'9s»¯´Í7y dèNã #$9øÿx»¡Å)àqbt
Sedoyo puji namung Kagunganipun Allah SWT, Rabb ingkang sampun ngutus Kanjeng Nabi Muhammad Saw minongko uswah hasanah.
Sholawat sarto salam mugi katetepno dhumateng Kanjeng Nabi Muhamad Saw, ingkang sampun menyampaikan risalah, paring uswah hasanah mulai wonten ing babagan kehidupan pribadi dumugi tata aturaning kemasyarakatan.
Sampun dados kewajiban kita midherek dhawuhipun Allah soho Rosulipun, sarta nebihi punopo kemawon ingkang sampun dipun awisi. Pramilo monggo kito sami ngupados tambahan ngelmu kanthi tholabul ilmi, sarta anambahi kethoatan kito dhumateng Allah SWT.

Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Rikolo dinten Rabu 18 April 2007 ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat nembe kemawon dipun adani Pisowanan Agung. Pisowanan ingkang minongko tanggapan masyarakat awit Sultan HB X mratelakaken bilih piyambakipun mboten kerso maleh dipun pilih njabat Gubernur DIY, ing mongkopuniko salah setunggalipun ciri keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Pramilo wajar menawi andadosaken perdebatan ing berbagai kalangan masyarakat poro politisi, poro winasis ing perguruan tinggi, poro pejabat, organisasi masyarakat, dumugi mandapipun masyarakat awam.
Wonten ing Pisowanan Agung puniko Sultan HB X negesaken bilih senajan piyambakipun samangke mboten njabat Gubernur ananging tetep jumeneng Sultan. Kasultanan wonten ing masyarakat Ngayogyakarta panci hanggadhahi kedudukan ingkang khas, senadyan to kantun ing kepemimpinan secara budaya.
Menawi kito bikak wonten sejarah, Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat puniko ageng perananipun rikolo zaman perjuangan clash ngusir penjajah kafir. Punopo malih rikolo zaman keemasanipun Sultan Agung Hanyakrakusumo ing ngerahaken wadyabolo kangge ngusir VoC (Kumpeni Walandi) sangking markas dagangipun ing Batavia (Jakarta), kawit sakderengipun dados Gubermen Hindia Timur (penjajah).
Menawi dipun runut Kasultanan Ngayogyakarta puniko penerusipun Kasultanan Pajang lan Kasultanan Demak sak ngajengipun. Wonten ing zaman Kasultanan Demak, Sultan Demak inggih nate ngintunaken armada perang kangge ngusir penjajah kafir Portugis ingkang ndamel markas ing Malaka. Wonten peperangan puniko malah bantu binantu kaliyan Kasultanan Islam sanesipun kados dene Kasultan Cirebon, Kasultanan ing Aceh. Malah Kasultanan ing Aceh rikolo semanten mendet batuan sangking Kasultanan Turki Utsmani (Khilafah Islamiyah Usmaniyah). Tahun 1562 M Khilafah ngirimaken 500 pasukan sarta mriem lan amunisi.

Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Kasultanan Turki Utsmani (Khilafah Usmaniyah / Khilafah Islamiyah) rikolo zaman semanten taksih kiyat ngadepi negari – negari kafir ingkang badhe mecah belah soho njajah negeri – negeri muslim. Sedoyo ummat Islam ing sakindenging Bawono wekdal semanten ngakeni bilih Khilafah Utsmaniyah puniko dados pemimpin ummat, pelindung ummat sangking ancaman penjajah kafir. Pramilo wajar menawi Kasultanan ing Aceh rikolo semanten nyuwun bantuan kekiyatan lan senjata sangking Khilafah Utsmainyah.
Wontenipun imam selaku pemimpin lan pelindung ummat puniko kados dene sabdanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw wonten ing hadits riwayat Imam Muslim :
”al imaamu junnatun yuqootalu minwaraaihi wa yuttaqa bihi”
”Imam iku kayata tameng/benteng,
ing sak mburine ummat berperang
lan karana iku ummat berlindung”
Dados Khilafah Utsmaniyah puniko ugi ingkang paring pengesahan arupi paringan gelar dhumateng poro Sultan – sultan ing tanah Jawi (lan sekitaripun), lumantar Syarif Makkah (Wali/Gubernur Makkah) kados dene :
- Sultan Abdullah Muhammad Maulana Matarami kangge Raden Mas Rangsang (Sultan Agung) ing Mataram Islam th 1051 H (1641 M).
- Sultan Abulmafakkir Mahmud Abdul Kadir kangge Sultan Abdul Kadir Banten th 1048 (1638 M).

Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Awit tanggel jawabipun nyebaraken agami Islam, Khilafah ugi ingkang sakderingipun sampun ngintunaken juru dakwah tumuju ing Jawi utawi ingkang dipun kenal Wali Songo, th 808 H (1404 M) sakderengipun muncul kasultanan – kasultanan ing Jawi. Poro juru dakwah kolo wau ingkang kasil ngislamaken masyarakat ing tanah Jawi lan sekitaripun sak poro panguwaosipun, saenggo saged muncul kasultanan Islam kados dene kasultanan Demak, Pajang, Mataram Islam, kasultanan Cirebon, kasultanan Banten, sarto kasulatnan - kasultanan sanesipun ing luar tanah Jawi.

Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Punikolah tanggung jawab imam / sultan / kholifah inggih nyebaraken dakwah Islam ugi dados tameng / benteng rakyatipun sangking ancaman penjajah. Puniko tercermin kados dene wonten ing gelar Panembahan Senopati ing Alogo Sayidin Panotogomo Khalifatullah tanah Jawi.

Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Pramilo nanggapi babagan iPunikolah tanggung jawab imam / sultan / kholifah inggih nyebaraken dakwah Islam ugi dados tameng / benteng rakyatipun sangking ancaman penjajah.
Pramilo ingkang tansah dados angen – angen kito, puji do’a kito dhumateng Allah SWT, inggih puniko sopadoso wonten panguwaos ingkang mboten tansah rebatan jabatan lan lnyade kekayaan negari dhumateng dhumateng pemodal kapitalis asing;
ananging imam / pemimpin / kholifah ingkang estu tanggel jawab dhumateng perkembangan dakwah Islam ugi dados tameng / benteng rakyatipun sangking ancaman penjajah.

ruãt‰y #$!ª #$!©%Ïïût äu#BtZãq#( BÏZ3äOó ruãtJÏ=èq#( #$9Á¢»=Îsy»MÏ 9sŠu¡óGtÜø=ÎÿxZ¨gßOó ûÎ’ #${F‘öÚÇ 2ŸJy$ #$™óGt‚÷=n#y #$!©%Ïïúš BÏ` %s6ö=ÎgÎNö ru9s‹ãKu3jÅZu`£ ;mlçNö ŠÏƒ]skåNã #$!©%Ï” #$‘ö?sÓÓ4 ;mlçNö ru9sŠã7t‰dÏ9s]¨kåN BiÏ`. /tè÷‰Ï zyqöùÏgÎNö &rBøZY$ 4 ƒtè÷6ç‰ßrRt_ÍÓ wŸ „ç³ôŽÎ.äqcš 1Î’ ©x‹ø«\$ 4 ruBt` 2Ÿÿxt /tè÷‰y Œsº9Ï7y ùs'ér'9s»¯´Í7y dèNã #$9øÿx»¡Å)àqbt
Dan Allah Telah berjanji kepada orang-orang yang beriman di antara kamu dan mengerjakan amal-amal yang saleh bahwa dia sungguh- sungguh akan menjadikan mereka berkuasa dimuka bumi, sebagaimana dia Telah menjadikan orang-orang sebelum mereka berkuasa, dan sungguh dia akan meneguhkan bagi mereka agama yang Telah diridhai-Nya untuk mereka, dan dia benar-benar akan menukar (keadaan) mereka, sesudah mereka dalam ketakutan menjadi aman sentausa. mereka tetap menyembahku-Ku dengan tiada mempersekutukan sesuatu apapun dengan Aku. dan barangsiapa yang (tetap) kafir sesudah (janji) itu, Maka mereka Itulah orang-orang yang fasik. (TQS An nur : 55)

No comments: