اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
أَمَّابَعْدُ؛
قَالَ تَعَالَى
Firman Allah SWT,
Sedoyo puji namung Kagunganipun Allah SWT, Rabb ingkang sampun ngutus Kanjeng Nabi Muhammad Saw minongko uswah hasanah.
Sholawat sarto salam mugi katetepno dhumateng Nabi Muhamad Saw, ingkang sampun menyampaikan risalah, paring uswah hasanah mulai wonten ing babagan tata aturan kehidupan pribadi dumugi tata aturaning kemasyarakatan.
Dados kewajiban kita midherek dhawuhipun Allah soho Rosulipun, sarta nebihi punopo kemawon ingkang sampun dipun awisi.
Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Kawit krisis multi dimensi ingkang nempuh negeri kita, kita sampun ngraosaken makaping-kaping gantos reregan sedoyo kebutuhan. Ing mongko kesempatan kerja lan kesempatan berusaha inggih mboten terbuka luas, pramilo wajar menawi mboten sakedhik warga ingkang kesulitan nyekapi kabetahan pokokipun. Sinten ingkang mboten miris lan prihatos mireng pawartos bilih wonten setunggaling ibu ingkang nembe hamil 7 wulan dumuging tiwas kaliyan putranipun ingkang taksih yuswo 5 tahun amargi kelaparan ing Makasar (Metrotv, 1/3/08). Ing mongko dinten candhakipun dipun pawartosaken bilih Ketua Tim Penyelidikan kasus BLBI Urip Tri Gunawan ketangkap basah dening KPK naliko 2 Maret 2008 saweg nampi suap/sogokan 660 Dollar (watawis 6,1 milliar rupiah) ing griyanipun Syamsul Nursalim salah setunggaling obligor ageng BLBI ageng (Jawapos 3/3/08). Kanthi kahanan ingkang mekaten puniko temtu kathahipun tiyang sami supeket kaliyan pamanggihipun Prof Budi Winarno, Guru Besar FISIPOL-UGM, bilih “Indonesia Adalah Negara Yang Gagal” ? (KR, 27 Maret 2008).
Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Miturut Prof Budi Winarno (KR, 27 Maret 2008), estunipun Indonesia anggadhahi sumber ingkang melimpah ingkang kedahipun saget kangge menyelesaikan persoalan kemiskinan dan pengangguran, ananging sistem politik mboten anggadhahi komitmen ingkang saestu kangge menyelesaikan persoalan kasebat. Sumber daya alam tetap dados monopoli kelompok masyarakat tertentu (lan pemodal asing), saenggo masalah kemiskinan tetap dados masalah ingkang mboten rampung-rampung. Ing mongko elite politik mboten empati (roso pangroso), mboten respon dhumateng tuntutan rakyat (malah ngributaken gaji lan rebatan kursi). Sistem politik demokrasi pasca era reformasi mboten ndadosaken responsivitas dhumateng tuntutan-tuntutan masyarakat (kados dene minggahipun regi BBM, minyak tanah).
Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Muhammad Rosulullah Saw puniko uswah – teladan – tumrap sedoyo kaum muslimin ingkang tansah cumadhong ngajeng-ajeng rohmatipun Allah SWT
“Sungguh telah ada pada (diri) Rasulullah itu suri teladan yang baik bagimu, (yaitu) bagi orang-orang yang mengharapkan (rahmat) Allah dan (kedatangan) Hari Akhir.” (QS Al Ahzab 30: 21)
Muhammad Saw paring tulodho mboten namung ing babagan ibadah mahdhah (sholat, zakat, shoum, haji) ananging ugi ing bebrayan bale griyo, dumugi babagan bebrayan agung ing masyarakat lan ngatur ruwet rentenging negari. Nabi Saw sasampunipun hijrah ing Yastrib dipun tetepaken (dipun bai’at) dening penduduk Yastrib dados pemimpin ing Madinah. Minongko pemimpin ing negari Madinah, Nabi Muhammad Saw:
- Ngatur tata negari ing Madinah. Tata aturan negari puniko ngiket kaum muslimin (Muhajirin, Aus lan Khazraj), ugi tetiyang Yahudi (bani Nadhir, bani Qoinuqo, bani Nadhir) sarto penduduk Yastrib ingkang taksih musyrik.
- Ngawontenaken perjanjian kaliyan kabilah-kabilah ing sak njawi Madinah, kados dene perjanjian Hudaibiyah kaliyan Quraisy Makkah
- Ngawontenaken ekspedisi lan futuhat saengga negari Madinah tansoyo moncer lan dakwah Islam soyo sumebar ing jazirah Arab
- Ngangkat poro wali (setingkat propinsi) lan amil (setingkat kabupaten), kados dene ‘Amru bin Al-‘Ash dados amil ing Oman, al-‘Alla bin al-Hadramiy amil ing Bahrain
- Ngangkat pejabat lan petugas negari: qadhi (hakim) kados dene Muadz bin Jabbal lan Abu Musa al-Asy’ariy ing Yaman, ugi ngangkat petugas pemungut zakat, jizyah, kharaj, ‘usyur, fa’iy
- Musyawarah kaliyan poro shohabat ingkang pinunjul kangge ngrembag kemaslahatan ummat, kados dene Hamzah, Abu Bakar, ‘Umar, ‘Ali, Ibnu Mas’ud, Hudzaifah lan sapanunggalanipun
Nabi Muhammad Saw mrentahaken dhumateng poro wali supados ngajaraken al-Qur’an lan mahamaken masyarakat babagan agami, nyegah kemungkaran lan kezaliman kanthi tegas, narik zakat lan mbagekaken dhumateng 8 asnaf ingkang kasebat wonten ing al-Qur’an, saenggo rakyat ingkang mboten mampu saged kacekapan kabetahanipun. Wragat pangaturaning negari dipun cekapi kas Baitul Maal ingkang sumberipun sangking harta fa’iy, kharaj, jizyah lan ghanimah.
Pondasi tata negari puniko dipun terusaken dening poro khulafaurrasyidin. Kados dene Amirul Mukminin Umar bin Khattab ingkang nate paring hibah permodalan sangking kas Baitul Maal kangge mbiyantu para petani Irak nggarap lahanipun, sarto nglarang ngangguraken lahan tanpo dipun garap ngantos 3 tahun. Kanthi wontenipun subsidi lan larangan ngangguraken lahan puniko badhe ndorong produksi pertanian.
Nabi Muhammad Saw ugi nglarang praktik ikhtikar (penimbunan). Dipun riwayataken sangking Said Al-Musayyab, dari Mu'ammar ibn Abdullah, sabdanipun Rasulullah s.a.w., Ora keno wong kang nindakake penimbunan barang kejobo iku tumindak salah (dosa). (Shahih Muslim, Al Muzara'ah, hlm.157,158). Larangan puniko kalebet makanan ugi. Al Asram ngriwayataken sangking Abi Umamah: “Rasulullah saw. Sampun nglarang melarang penimbunan makanan.” Kanthi puniko penimbunan komoditas bahan pangan kalebet tindak kriminal ingkang kedah dipun ukum. Abdurrahman Malikiy wonten ing kitab (Nizham al 'Uqûbat, hal. 191) mratelakaken bilih hukuman kangge penimbun inggih puniko hukum cambuk lan penjara tiga tahun.
Kanthi larangan penimbunan bahan pangan saget kasedia lan mboten kedadosan reregan mboten badhe dipun permainkan.
Nabi Muhammad Saw ugi nglarang penguasaan sumber air dening person (swasta). “Al muslimuuna syuroka-u fii tsalatsin al ma-u wal kala-u wan-naar” (Kaum muslimin ersyarikat ing telung hal yaiku banyu, padang lan geni (HR Abu Dawud sangking Ibnu ‘Abbas). Ugi dipun riwayataken dening Ibnu Majah sangking Abu Hurairah bilih Nabi Saw ngendika “Telung werno kang ora keno diduweki sopo wae yaiku banyu, padang lapangan lan geni” (sumber air, hutan, sumber energi).
Kanthi mekaten sumber pengairan lan kangge kabetahan sanesipun kedah kasedia kangge masyarakat luas.
Sidang Jum’ah Rohimakumullah,
Punikolah uswah hasanah ingkang dipun contohaken dening Nabi Saw lan khulafaurrasyidin ing babagan ngatur negari lan kados pundi kebijakan politik negari kangge mendorong kacekapan kabetahan pangan kangge rakyatipun sae sangking dorongan produksi, anjagi distribusi, temtu taksih kathah malih menawi dipun pelajari. Islam diin ingkang sempurno, kangge ngatur sedoyo urusan sangking urusan pribadi, dumugi tata aturaning negari.
Kegagalan negari kados ingkang dipun sebataken dening Prof Budi Winarno ing ngajeng, tentu wonten sebabipun. Korupsi lan kolusi ingkang sakpuniko malah langkung nggilani, puniko salah setunggaling sebab. Ingkang langkung merusak kapitalisme global ingkang merasuki berbagai negara. Icalipun subsidi puniko tuntutan sangking IMF (ingkang dibackup negara-negara kapitalis). Penguasaan sumber daya alam (tambang, hutan,sumber air) ingkang dikuatkan mawi undang-undang puniko setunggaling cara imperialisme gaya baru.
Pramilo kito kedah wangsul dhumateng ajaranipun Rosulullah Saw, wangsul dhumateng tatanan kehidupan Islam lan mbucal tatanan kehidupan kapitalistik ingkang nyoto-nyoto menyengsarakan rakyat.
أَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُونَ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللهِ حُكْمًا لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Apakah hukum Jahiliah yang kalian kehendaki? Siapakah yang lebih baik hukumnya daripada hukum Allah bagi orang-orang yang yakin? (QS al-Maidah [5]: 50).
Pepeling kangge poro pemimpin:
مَا مِنْ عَبْدٍ يَسْتَرْعِيهِ اللهُ رَعِيَّةً يَمُوتُ يَوْمَ يَمُوتُ وَهُوَ غَاشٌّ لِرَعِيَّتِهِ إِلاَّ حَرَّمَ اللهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ
Tidaklah seorang hamba yang diserahi Allah memelihara dan mengurus (kepentingan) rakyat lalu meninggal, sementara ia menipu rakyatnya, kecuali Allah mengharamkan atasnya surga. (HR Muslim, Ahmad, dan ad-Darimi).