اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
أَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُونَ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللهِ حُكْمًا لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Sedoyo puji namung kagunganipun Allah SWT. Ingkang nyiptaaken, anggadhahi, lan ngatur alam raya. Dzat ingkang wajib dipun sembah, ingkang paring anugrah hidayah ingkang lurus, diin ingkang haq, lan risalah ingkang adil lan sempurno, Islam.
Shalawat sarto salam mugi tansah dipun limpahaken dhumateng sayyidul anbiya’ wal mursalin, Rosulullah Saw., sarta keluwarganipun, para sahabat, saha sedoyo penderekipun ingkang berjuang nyebaraken lan nerapaken risalah Islam dumugi saindenging bawono hinggo akhir zaman.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Nembe kemawon ummat Islam merayakan warso enggal 1429 Hijriyah, kanthi marupi-rupi coro kados dene pengaosan, dzikir nasional; ngantos perlombaan lan hiburan. Emanipun perkawis ingkang membahayakan Aqidah ummat kados dene tirakat wonten ing papan ingkang dipun anggep wingit lan larungan sesajen wonten ing laut kidul taksih dipun laksanakaken dening sebagian ummat Islam.
Kanthi mekaten taksih mbektahaken upaya dakwah ingkang saestu kangge memurnikan Aqidah Islam mengikis kesyirikan. Ing mongko kapercayan syirik lan kehidupan jahiliyah puniko justru ingkang dipun tebihi Nabi lan poro sohabat kanthi hijrah.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Kapercayan syirik lan budaya jahiliyah ing Makkah naliko semanten saestu ndamel prihatos Kanjeng Nabi Muhammad Saw. Kanjeng Nabi tansah paring pitedah dhumateng Bani Abdul Mutholib, Bani Hasyim, lan sedoyo suku-suku ing Makkah sak kiwo tengenipun supados ninggalaken kapercayan syirik lan kehidupan jahiliyah. Ninggalaken nyembah braholo, ninggalaken budaya pelacuran, ninggalaken budaya mejahi bayi setri, ninggalaken cara dedagangan kanthi apus-apus lan curang ing timbangan, lan tata cara kehidupan jahiliyah sanesipun. Kanjeng Nabi Saw angajak dhumateng Aqidah Islam lan ngajaraken tata cara gesang Islam.
Ananging poro kafir Quraisy malah menentang lan ngalang-alangi kanthi mawerni-werni coro : fitnahan, boikot, siksaan dumugi syahid dipun laksanakaken tumuju poro sahabat. Sahinggo Allah SWT mrintahaken hijrah tumuju ing Yastrib.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Ajaran Islam ing Yastrib, dipun sambut dening penduduk suku Aus lan Khazraj. Kanjeng Nabi Muhammad Saw dipun sengkuyung dados panguwaos hukum Madinaturrasul, ingkang dipun baiat dening suku Aus lan Khazraj ingkang ngrasuk Islam. Kanthi Piagam Madinah Kanjeng Nabi Saw selaku kepala negara ugi dipun thoati dening suku Aus lan Khazraj ingkang taksih musyrik sarto suku-suku Yahudi Bani Nadhir., Bani Qiraizah lan Bani Qainuqo.
Kanthi pelaksanaan hukum Allah ing Madinah puniko Aqidah ummat kajagi, agami Islam kajagi, nyawa ummat kajagi, harta ummat kajagi, kehormatan ummat kajagi. Mboten wonten ingkang nyikso ummat Islam supados wangsul dhumateng kesyirikan, mboten wonten ingkang ngalang-alangi penerapan syariat Islam, mboten wonten ingkang ngrampas harta ummat Islam, mboten wonten ingkang mrawoso kehormatan ummat Islam.
Malah kanthi hijrahipun Kanjeng Nabi Saw lan poro sohabat ing Madinah, penyebaran lan pelaksanaan ajaran agami Islam sampun mboten wonten malih ingkang ngalang-alangi. Wonten ing tata aturaning kemasyarakatan, tetiyang musyrik tunduk dhumateng hukumipun Kanjeng Nabi Saw kados kaebat ing Piagam Madinah. Mengsah ingkang ngancam kantun saking njawi kitho Madinah, antawisipun sangking Makkah ingkang samangkenipun inggih dipun tundukaken kanthi peristiwa Fathu Makkah.
Salajengipun kekuasaan Islam terus sumebar ing jazirah Arab (zaman Nabi Muhammad Saw), nundhukkaken Persia, Mesir, Asia Kecil (zaman Khulafaurrasyidin), Konstantinopel (Byzantium), Spanyol (Eropa Barat) zaman kekhilafahan Bani Umayyah – Bani Abassiyah – Utsmaniyah. Ateges hijrah punikolah batu loncatan keberhasilan futuhat Islam (penyebaran Islam) dumugi sakindenging bawono.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Wangsul ing kahanan sakpuniko, temtu mrihatosaken menawi pepengetan Tahun Hijriyah malah dipun leksanaaken kanthi ritual kesyirikan, hiburan ingkang nglanggar paugeran syara’. Temtu puniko tebih sangking pelajaran ingkang kedahipun saget kito pendhet sangking hijrahipun Nabi Saw. Puniko dados peer kito sedoyo, poro mubaligh, organisasi dakwah, lan sedoyo ummat Islam.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Perkawis ingkang ngrisak Aqidah mboten ngemungno ritual syirik kados ingkang kasebat ing ngajeng. Ngantos sakpuniko usulan ummat Islam dhumateng pamarentah supados melarang ajaran Ahmadiyah ingkang melenceng sangking Aqidah Islam, ugi dereng dipun putusaken dening pamarentah. Ing mongko ing asalipun Pakistan kemawon puniko mboten dipun lebetaken golongan Islam, ateges dipun anggep agami piyambak mboten kalebet agami Islam awit kapercayanipun dhumateng Mirza Ghulam Ahmad pendirinipun.
Ing mongko ajaranipun Nabi Muhammad Saw jelas saksinteno tetiyang ingkang murtad sangking Islam kedah dipun ukum. Kanjeng Nabi Saw nate mrintahaken pasukan kaum muslimin supados ngukum Musailamah Al Kadzab awit ngaken Nabi angsal wahyu. Kanthi mekaten, mbrasto ajaran sesat kados dene Ahmadiyah, ugi Qiyadah Islamiyah ingkang kepengker; puniko tugasipun amirul mukminin, tugasipun ulil amri ingkang njunjung aturan Islam. Pramilo wontenipun ulil amri amri ingkang badhe ngatur masyarakat kanthi aturan Islam puniko setunggalipun kewajiban ingkang kedah dipun wujudaken, supados kita saget ngeleksanakaken prentahipun Allah SWT ing Surat Ali Imran 59:
$pkr'¯»t tûïÏ%©!$# (#þqãYtB#uä (#qãèÏÛr& ©!$# (#qãèÏÛr&ur tAqß§9$# Í<'ré&ur ÍöDF{$# óOä3ZÏB ( bÎ*sù ÷Läêôãt»uZs? Îû &äóÓx« çnrãsù n<Î) «!$# ÉAqß§9$#ur bÎ) ÷LäêYä. tbqãZÏB÷sè? «!$$Î/ ÏQöquø9$#ur ÌÅzFy$# 4 y7Ï9ºs ×öyz ß`¡ômr&ur ¸xÍrù's?
Hai orang-orang yang beriman, taatilah Allah dan taatilah Rasul (nya), dan ulil amri di antara kamu. Kemudian jika kamu berlainan pendapat tentang sesuatu, Maka kembalikanlah ia kepada Allah (Al Quran) dan Rasul (sunnahnya), jika kamu benar-benar beriman kepada Allah dan hari kemudian. yang demikian itu lebih utama (bagimu) dan lebih baik akibatnya. (TQS Ali Imran (4) : 59)
Ulil amri ingkang ngleksanakaken hukumipun Allah SWT punikolah ingkang badhe anjagi aqidah ummat, anjagi nyawa ummat Islam, harta ummat sarto kehormatan ummat. Sanes tata aturan masyarakat ingkang justru ngrisak Aqidah, mboten melindungi nyawa lan kehormatan ummat Islam.
أَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُونَ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللهِ حُكْمًا لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Apakah hukum Jahiliah yang kalian kehendaki? Siapakah yang lebih baik hukumnya daripada hukum Allah bagi orang-orang yang yakin? (QS al-Maidah [5]: 50).
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment