اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Amma ba’du,
Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
øÎ)ur c©r's? öNä3/u ûÈõs9 óOè?öx6x© öNä3¯RyÎV{ ( ûÈõs9ur ÷Länöxÿ2 ¨bÎ) Î1#xtã ÓÏt±s9
(QS Ibrahim 14: 7)
Sedoyo puji namung kagunganipun Allah SWT ingkang tansah paring rahmat, ingkang sampun paring pitedah kanthi Al Qur’an lan sampun ngutus kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Sholawat sarto salam mugi katetepno dhumateng Kanjeng Nabi Muhamad Saw, uswah hasanah ing babagan kehidupan pribadi dumugi tata aturaning kemasyarakatan.
Sampun dados kewajiban kita midherek dhawuhipun Allah soho Rosulipun, sarta nebihi punopo kemawon ingkang sampun dipun awisi. Pramilo monggo kito sami ngupados tambahan ngelmu kanthi tholabul ilmi, sarta anambahi kethoatan kito dhumateng Allah SWT.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Alhamdulillah sampun 62 th negeri kita merdeka sangking penjajahan. Temtunipun kita ingkang dipun paringi gesang ing zaman sapuniko bersyukur mboten gesang kajajah. Punopo maleh generasi sakpuniko, mboten waget mbayangaken rekaosipun gesang kajajah, keporo dereng temtu generasi sakpuniko kiyat nglampahi rekaos kados dene zaman perjuangan fisik. Natkolo rumiyin poro syuhada gegancangan ngrangsang penjajah kumpeni ingkang lengkap senjatanipun, wantun ngorbanaken gesangipun jihad ngusir penjajah. Enteng anggenipun ngurbanaken banda sahiyeg anggenipun berjuang ngusir penjajah.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Ing zaman sakpuniko dipun wastani sekeco inggih sekeco rekaos inggih rekaos. Menawi mriksani gelaring angunan lan fasilitas, sakpuniko sampun zamanipun gampil. Anaming warisan mental lan semangat perjuangan sampun luntur, sedoyo dipun petang adhedhasar untung rugi. Sampun malih sifatipun pengorbanan, malah ngantos mboten perduli ngrugekaken tiyang asanes, ngrayah anggaraning negari, korupsi kolusi pelicin dados budaya. Koruptor tetep asikep merdiko mboten kenal wirang mboten kenal tobat.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Kamardikan ingkang kita raosaken puniko, rumiyin dipun gayuh kanthi arupi-rupi pengorbanan inggih tenaga, pikir, bandha ngantos nyawa poro syuhada; lan temtu ingkang utami rahmatipun Allah SWT. Kangge mujudaken raos kesyukuran kita kedah kita isi kanthi kabecikan. Kanthi sumbang pikir kangge ndandosi masyarakat kanthi tatanan lan budaya ingkang utami, mengikis budaya ingkang awon kados dene pornografi, korupsi, kolusi, lansapanunggalanipun ingkang tebih sangking cita-cita kemerdekaan.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Mbangun tatanan ingkang utami puniko mboten perkawis ingkang gampil. Dipun betahaken kesadaran masyarakat dhumateng kabetahan tatanan luhur, kepedulian control masyarakat kangge mujudaken tatanan luhur kala sewau.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Kita sampun nate migunaaken tatanan ingkang cenderung sosialistik ing zaman Orde Lama. Tatanan ingkang risak puniko dipun koreksi kanthi tatanan kapitalistik sekuler ing zaman Orde Baru.
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Aturan ingkang sae inggih aturaning Allah SWT
Ingkang nyiptakaken manungso
Tetiyang ingkang iman ciptaaning Allah SWT
Mekaten ugi tetiyang ingkang dados ingkar sedoyo inggih ciptaaning Allah SWT
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Kamardikan ingkang hakiki puniko bebasipun manungso sangking penyembahan dhumateng manungso tumuju ngemungno pangibadahan dhumateng Allah SWT, mboten wonten sekutu
Kados dene ucapanipun panglima muslim dhumateng tentara Persia :
Tahrirunnas minadzulumaati ilannur
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Pramilo kenging punopo kito tetiyang ingkang ngaku beriman malah ragu dhumateng aturanipun Allah SWT
Ing mangka Allah SWT berfirman :
}§øs9r& ª!$# È/s3ômr'Î/ tûüÉKÅ3»ptø:$# ÇÑÈ
Bukankah Allah hakim yang seadil-adilnya? (At Tiin 95: 8)
#sÎ)ur (#qè=yèsù Zpt±Ås»sù (#qä9$s% $tRôy`ur !$pkön=tæ $tRuä!$t/#uä ª!$#ur $tRzsDr& $pkÍ5 3 ö@è% cÎ) ©!$# w âßDù't Ïä!$t±ósxÿø9$$Î/ ( tbqä9qà)s?r& n?tã «!$# $tB w cqßJn=÷ès? ÇËÑÈ
Dan apabila mereka melakukan perbuatan keji mereka berkata: "Kami mendapati nenek moyang kami mengerjakan yang demikian itu, dan Allah menyuruh kami mengerjakannya." Katakanlah: "Sesungguhnya Allah tidak menyuruh (mengerjakan) perbuatan yang keji." Mengapa kamu mengada-adakan terhadap Allah apa yang tidak kamu ketahui?
(QS Al A’raf 7: 28)
Sidang jum’ah rahimakumullah,
Sebagian tetiyang ingkang meragukan kemampuan syariatipun Allah SWT kange ngatur kehidupaning manungso
Prof. Dr.Hassan Ko Nakata, guru besar theology Universitas Jepang (Ketua Assoisasi Muslim Jepang) wonten ing Konferensi Khilafah Internasional 12 Agustus 2007 ing Jakarta mratelakaken bilih:
Sunday, March 23, 2008
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment