اَلْحَمْدُ ِللهِ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَ دِيْنِ الْحَقِّ
لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكاَفِرُوْنَ
أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصَحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْساَنٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ أَيُّهاَ النَّاسُ: أُصِيْكُمْ وَإِياَّيَ بِتَقْوَى اللهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Qolallhohu Ta’ala fil Qur’anil adzim :
ru9øFt3ä` BiÏY3äNö &éB¨p× tôããqbt )Î
Wekdal puniko kita sampun mlebet wonten ing wulan Muharram 1428 H.
Wonten ing pergantian warso puniko temtu kita anggadahi pangajab supados kondisi kita ummat Islam meningkat inggih wonten ing keimanan, pangibadahan punopo dene wonten ing kahanan – kahanan sanesipun ekonomi kesejahteraan.
Jama’ah jum’at rohimakumulloh,
Kita ummat Islam wekdal puniko taksih prihatos awit sawerni-werni pacoben, sangking berbagai bencana dumugi permasalahan sosial ekonomi.
Pergantian warso kita angkah mbekto semangat enggal kangge perubahan ingkang langkung sae.
Naminipun perubahan temtu wonten ingkang ngawali, wonten ingkang ngajak-ajak, wonten ingkang ngguyubaken, sak mbotenipun nderek remen dhumateng perubahan ingkang tumuju dhumateng kasaenan. Ananging sampun ngantos malah dados pepalang gelombang perubahan ingkang tumuju dhumateng kasaenan.
Allah SWT dhawuh wonten ing surah Ali Imran 104 :
ru9øFt3ä` BiÏY3äNö &éB¨p× tôããqbt )Î
Ayat puniko akrab wonten ing kalangan organisasi pergerakan Islam. Bpk Prof. Amien Rais natkolo ngudar pangandikan wonten ing acara Refleksi Pergantian Tahun ”Menuju Indonesia Bebas Krisis dengan Syariah” ing Kridosono tanggal 7 Januari kepengker ugi mratelakaken bilih ayat Ali Imran 104 puniko ingkang dados pendorong pergerakan Islam kados dene Muhammadiyah ugi Hizbut Tahrir.
Kita mangertos bilih Bpk Prof Amien Rais puniko ingkang anggadahi peran ageng wonten ing Reformasi th 1998 ingkang mengkritisi KKN (kolusi-korupsi-nepotisme). Temtu puniko satunggaling perubahan ingkang taksih mbetahaken tindak lanjut.
Akhir-akhir puniko Bpk Prof Amien Rais, ugi tokoh sanesipun kados dene Revrisond Bashwier (Koalisi Anti Utang) ugi kathah elemen sanesipun giat mengkritisi masalah pengelolaan sumber daya alam. Sampun ngantos sumber daya alam kita namung dipun kuras dening kapitalis global. Lan kita namung dados bangsa ’jongos’ (istilahipun Bpk Prof Amin Rais).
Miturut Islam sda panci kedah dipun kelola dening negari kangge kesejahteraan rakyat. Kados kasebat wonten ing hadits Nabi ingkang dipun riwayataken dening Abu Dawud & Ibnu Majah ”Al uslimuuna syurakaau fii tsalatsin : fil kalai, wal maai wan nar” (Kaum muslim bebarengan mbutuhake telung perkara : padang, banyu, geni).
Kita temtu merindukan ummat Islam ’khoiru ummah’ puniko justru ingkang mengendalikan tatanan kehidupan ing dunia. kados dene firman Allah SWT :
ruãty #$!ª #$!©%Ïïût äu#BtZãq#( BÏZ3äOó ruãtJÏ=èq#( #$9Á¢»=Îsy»MÏ 9su¡óGtÜø=ÎÿxZ¨gßOó ûÎ #${FöÚÇ 2Jy$ #$óGt÷=n#y #$!©%Ïïú BÏ` %s6ö=ÎgÎNö ru9sãKu3jÅZu`£ ;mlçNö Ï]skåNã #$!©%Ï #$ö?sÓÓ4 ;mlçNö ru9sã7tdÏ9s]¨kåN BiÏ`. /tè÷Ï zyqöùÏgÎNö &rBøZY$ 4 tè÷6çßrRt_ÍÓ w ç³ôÎ.äqc 1Î ©xø«\$ 4 ruBt` 2ÿxt /tè÷y sº9Ï7y ùs'ér'9s»¯´Í7y dèNã #$9øÿx»¡Å)àqbt ÈÎÎÇ
Dan Allah Telah berjanji kepada orang-orang yang beriman di antara kamu dan mengerjakan amal-amal yang saleh bahwa dia sungguh- sungguh akan menjadikan mereka berkuasa dimuka bumi, sebagaimana dia Telah menjadikan orang-orang sebelum mereka berkuasa, dan sungguh dia akan meneguhkan bagi mereka agama yang Telah diridhai-Nya untuk mereka, dan dia benar-benar akan menukar (keadaan) mereka, sesudah mereka dalam ketakutan menjadi aman sentausa. mereka tetap menyembahku-Ku dengan tiada mempersekutukan sesuatu apapun dengan Aku. dan barangsiapa yang (tetap) kafir sesudah (janji) itu, Maka mereka Itulah orang-orang yang fasik. (An Nur : 55)
No comments:
Post a Comment